Kulo sering nangisi Pengeran, padahal Pengeran itu gak butuh kita. Tapi kita kadang2, tak tangisi. Tak Tangisi niku mboten to Pengeran butuh kita itu ndak. Pengeran nganti ngerangno, nahnu kholaqnaakum falaulaa tushoddiquun. Kowe mbek kancamu ae percoyo, mbek tanggamu percoyo, mbek wong liyo percoyo, Aku i sing nggawe kowe, mbok yo percoyo. Maksudnya, kowe mbek konco iso percoyo, tawakkal, pasrah urusan. Mbek bojo isi pasrah urusan, loh aku i ku Pengeran, kok ora tahu mbok pasrahi, mestine podo2 pasrahe, sing mbok pasrahi iku Aku, sing nggawe kowe iku Aku. Nahnu kholaqnaakum falaulaa tushoddiquun. Sing nggawe kowe iku Aku, mestine urusanmu iku mbek Aku. Dimana2 itu urusane makhluk mbek Kholiq e. Loh iki makhluk kok urusane ambek makhluk, kowe iku makhluk model opo to dul2 ... Laiyo, ning ndi nggon iku makhluk urusane kambek? Kholiq, iku makhluk kok urusane ambek makhluk? iku Alloh lek ngendikan Nahnu kholaqnaakum fa laulaa tushoddiquun. Mestine hubungan terdekat manusia itu dengan saya, kata Alloh.
Komentar
Posting Komentar