Dadi kritik wonten kalih, ngeten sampeyan tak terangno, ben dadi wong ahli ushul fiqih. Salah iku ono loro, ono salah sing kulliyah, salah kulliyah ngene, keluar dari ring. Keluar dari ring, iku salah kulliyah. Misale wong kafir, itu kan keluar dari islam, itu salah kulliyah. Mlebu ring e Kanjeng Nabi wae ora. Ono salah dalam ring, nah salah dalam ring itu salah sing disenengi Pengeran. Misale koyok sampeyan ngeten niki ngaji kulo, sing ra ngaji ra bakal salah, justru sing ngaji iso salah. Mboh ngantuk mboh ra ngrungokno, macem2, tapi kan ngaji... Loh aku kan kyai, mulane aku ra tahu nyalahno sampeyan ngantuk, piye wae, ning njero perintah. muk ngantuk o ning njero perintah.
Berarti coro njenengan wong sholat ora tumakninah itu sah? Loh aku ora muni sah, cuma sik sholat, ndekne tetep sholat.
Komentar
Posting Komentar